LUMUNTURING BUDAYA
Tumetesing
waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing
pandulu ginambar ing netraku
Ancluming
praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg
trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani
jaman saiki
Tumpraping
polah tingkahing putra lan putri
Kang
wis ninggalake subasita
Nerak
angger-anggering budaya
Lali
ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh
rumangsa nistha
Yen
isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanadyan
jaman wis maju
Aja
banjur dadi kleru
Crita
leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana
owah samesthine
Tetunggangan,
wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa
kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa
budaya kita wis ora ana ajine?
Apa
budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa
budaya kita wis luntur?
Pemuda
pemudi jaman saiki
Unggah
ungguh basa wis dilirwakake
Tata
krama wis ditinggalna
Tata
wicara wis ninggalake subasita
Apa
sing salah sekolah?
Apa
sing salah ibu bapak?
Apa
kabeh salah?
Nyatane
budaya bangsa wis ditinggalake
Wis
arep luntur amerga pokale kita dhewe.
Ki
Andanawarih
Kapacak
ing kalawarti Panjebar Semangat No. 46 – 15 November 2008
http://ainia79.blogspot.co.id/2014/01/geguritan-untuk-anak-smp.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar