Selasa, 17 Mei 2016

Cariyos pengalaman

        cerita pengalaman

           Kala wingi kula salah dalan awalipun kula mlaku saking lab fisika tumuju ruang 4. Nanging, sakwise tekan undak undakan aula bawah sekolah kula malah munggah undak undakan.
Zain  :" shal kowe arep nandi?".
kula  :" Lha ruang 26 ta in ?".
Zain  :" wehh... ruang 4 shal PAI lho ".(sambi geguyu kula)
kula  :" hooh ta? . ya allah isin aku in (sambi nutupi raiku)
          Sakwise omong omangan kuwi aku mudun seko undak undakan lan mlayu tumuju ruang 4. Aku isin banget kancaku sing weruh padha guyu.

Minggu, 15 Mei 2016

karnaval kabupaten bantul 2015



KARNAVAL KABUPATEN BANTUL TAUN 2015 
Dening : Shalsa Nur Fadella

17 agustus 2015 menika dinten kamardikan RI ingkang kaping 70.Pemerintah kabupaten bantul mengeti dinten kamardikan menika nganakake karnaval seni  kabudayan kangge  ngelestariake kabudayan jawi ingkang ameh ilang.

Ewunan warga kabupaten bantul ngebaki sak dawane dalan trirenggo tekan jalan bantul (masjid agung bantul)  Rabu(19/08/2015). Karnaval menika diwiwiti sking lapangan trirenggo  pukul 1 siyang lan dipun pungkasi wonten ing masjid agung bantul  kirang langkung pukul 6 sonten kang dipun eloni 17 kecamatan wonten ing kabupaten bantul.
 
Warna warni pertunjukan ingkang indah menika jathilan, barongsai , bergodo prajurit, wayang wong ,tari tarian lan penampilan saking werna werna lembaga utawi organisasi wonten ing kabupaten bantul. Salah satunggaling penampilan ingkang unik lan  menarik  inggih menika saking pantai baru . Penampilanipun ngantos mbeto prau ingkang biasanipun dipun gunakaken pados ulam wonten ing laut, wonten ugi tim sar (RESQUE), ibu ibu pkk,Kincir angina lan mbeto iwak laut ingkang dipun olah wonten ing nduwur mobil kang ambune katon ngawe – awe.

Sabtu, 14 Mei 2016

Cerkak

TUKU KLAMBI ANYAR
Dening  : Shalsa Nur Fadella

           Jam lima esuk aku tangi banjur wudhu lan sholat subuh,bar sholat subuh aku ngewangi Ibu masak kanggo sarapan sekeluarga.Sawise rampung mangsak lan sarapan aku,Ibu,Bapak uga guneman sadhela.
Aku matur dhumateng bapak ibu:
“Pak, Bu kula niki dipun tumbaske klambi anyar!”.
“Alah ndhuk mokya sesuk - sesuk meneh bapak ki lagi ora nduwe duwit!”.wangsulane    Bapak
“Ndhuk klambimu ki rak wes akeh to,mbokya rasah tuku klambi anyar!”.Ibu nanduki ngendikane Bapak.
“Lha kula niku kepingin kanca - kanca sing klambine apik –apik niku lho Pak, Bu!”.Aku nyoba ngerih-erih atine Bapak lan Ibuku supaya gelem nukokake klambi anyar kanggo aku.
“Yo sesuk nek wes nduwe duwit,saiki bapak tak kerja sikik kowe ngewangi Ibumu kuwi ngeresiki omah!”.Wangsulane Bapak.
”Inggih pak”.
            Aku lan Ibu banjur reresik omah dening adhiku dolanan ing ngarep omah,aku ngresiki cawang ing gendheng-gendheng, nyulaki meja lan liya-liyane,dening Ibuku nyapu.Sawise omah wis resik aku kaliyan Ibu leren.Aku gawe wedhang lan jupuk maeman kagem ibuku.
”Bu,unjukan ipun menika dipun unjuk rumiyin kaliyan dipun dhahar rumiyin.
”Yoh ndhuk tak ombe lan maeme yo kesel j ming reresik omah we.”Wangsulane Ibu.
”Lha inggih Bu”.
”Bu aku nyuwun mimike”.Omonge adhiku.
”Yoh ndhuk,tak damonane sikiben adem.Ibu nanduki
Bar leren jam sanga aku adus mergane adem tenan,bar adus aku dolanan karo adhiku nganti jam setengah sewelas.Bar dolanan aku banjur delok tv nganti jam rolas awan. Sawise delok tv aku krungu adzan dzuhur banjur aku wudhu lan sholat dzuhur.
Aku sholat dzuhur wis rampung banjur aku nyuwun donga marang gusti allah swt mugi-mugi kula sekeluarga dipunparingi sehat,waras,murah rejekine ,lan liya-liyane.Bar kuwi aku turu ketuk jam setengah telu.
Jam setengah telu aku adus,bar adus aku sholat ashar, bar kuwi aku ngewangi Ibu mangsak dingo maem mengko.Sakwise rampung, Ibu banjur siram,dening Bapak nembe kundhur saking kerja.Aku banjur gawekke wedhang bapakku.
”Pak unjukanipun dipun unjuk rumiyin!.
”Yoh ndhuk,aku tak adus sikik wae,Ibumu mau rak wes rampung tole adus?”.Wangsulane Bapak
”Sampun pak!”.Ibu nanduki ngendikane Bapak.
“Yoh aku tak adus sikik bune!.”Wangsulane Bapak.
“Nggih riko Pak!”Wangsulane Ibu.
            Aku lan Ibu mendhet maeman kanggo maem bareng – bareng mengko. Sakwise rampung aku,Bapak,Ibu,lan adhiku maem bareng – bareng ing meja maem.
            Sakwise rampung dhahar Bapak ngejak aku lungonganggo motor.
”Pak niki mangke badhe ten pundi?”.
”Anggere melu rak mengko ngerti!”.Wangsulane Bapak.
”Kula kok dados penasaran nggih Pak! hehehe”.
“Haiyo ndhuk”.
            Neng dalan aku lan Bapak krungu adzan maghrib ing masjid aku lan Bapak mandhek wundhu lan sholat,bar kuwi aku lan Bapak ngrungokake ceramah Bapak ustadz. Sawise rampung ceramah aku lan Bapak neruske laku sing aku ora ngerti arep neng ngendi.
“Pak kok niki lakune kok tebih sanget Pak?”.
”Njak hooh j ndhuk mengko kowe mesthi seneng”.wangsulane Bapak.
“Inggih nopo Pak??”
“Haiyo ndhuk…”
            Neng dalan aku lan Bapak krungu adzan isya banjur mandheg meneh ing masjid pinggir  desa.Sakwise wudhu lan sholat isya aku lan Bapak ngrungokake ceramah Bapak ustadz meneh.Sakwise ceramah rampung aku lan Bapak neruske laku,dalane rame banget ana sing nganggo mobil,motor,truk,bis,sepedha,lan liya liyane.
            Sakwise tekan ana ing toko kang gedhe banget aku kaget, jebulane Bapak ngejak aku tuku klambi ing toko kuwi mau.Aku dikon Bapak milih klambi endi sing tak senengi,aku banjur milih klambi muslim.
”Pak kula niki nggih?”.
”Yoh ndhuk,aku tak milih klambi kanggo Ibumu lan adhimu sikik yo ndhuk?”.Wangsulane Bapak.
“Inggih pak”.
            Bar rampung milih klambi aku lan Bapak banjur menyang ing kasir lan mbayar.Aku kaliyan bapak terus mulih,neng dalan aku weruh becak motor kang apik banget rasane aku pengen numpak.
sakwise ketuk ngomah aku lan bapak mudhun banjur ngelebokke motor ing jero omah aku lan bapakku mlebu,adhiku langsung nyaut kresek sing di asta Bapak,adhiku seneng banget yen di tuokke klambi anyar.
“Pak klambine kok apik!”.Omonge adhiku.
“Lhaiyo, kowe seneng to ndhuk?”.Wangsulane Bapak
“Lhaiyo Pak..hehehe”
            Bar kuwi aku sinau tekan jam sanga bengi, aku lan adhiku banjur bobok,dening Ibu kaliyanBapak inggih sare.Aku lan adhiku ora lali ndonga supaya ora ngimpi elek lan supaya bisa turu.

Aksara jawa

Aksara Jawa Lan Pasangane

Agar dapat menulis/mengetik tulisan Jawa menggunakan PC atau Laptop Font Aksara/Huruf  Jawa harus diinstal lebih dahulu.


CARAKAN ( Aksara Urip )
PASANGAN (Aksara Mati )
Aksara  Murda
Angka / Wilangan
Aksara  Swara
Aksara  Rekan
SANDHANGAN
Pada kolom "Pengetikan" itu sbg pedoman JIKA ANDA INGIN MENULIS AKSARA JAWA DENGAN PC ATAU LAPTOP". 
 
 
 
kapethik saking http://mulok-smp.blogspot.co.id/p/aksara-jawa.html

Geguritan

LUMUNTURING BUDAYA
Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumpraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak angger-anggering budaya
Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanadyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe.
Ki Andanawarih
Kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat No. 46 – 15 November 2008
http://ainia79.blogspot.co.id/2014/01/geguritan-untuk-anak-smp.html

Pawarta


Kepleset, Siswa SMP Tiwas


               Evi 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi. Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkan wonten nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun.

               Manut katrengan ingkang dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir kali urutipun air terjun. Wekdal badhe gantos papan sanesipun ingkang badhe dipuntingali, kanthi nyabrang kali sainggiling air terjun. Ananging Evi lan salah satunggaling kanca wanita ingkang wekdal mlangkah nyabrang kali sukunipun kepleset. Evi lajeng dhawah dhateng kali ingkang banter ilinipun tur lunyu pisan. Badanipun evi lajeng kanyut ngaton air terjun lajeng dhawah ing cocoran air terjun ingkang lebetipun 20 meter, kebak watu-watu lan tiwas saknalika.

Kapethik saking kalawarti penjebar semangat
https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2014/01/14/pawarta-2/

Geguritan 2015

GOTONG ROYONG


Esuk - esuk dina minggu
Para warga padha gotong royong
Kabeh katon seneng padha gumregah
Sepi ing pamrih rame ing gawe
         Nalika gotong royong
         Sedaya warga padha tumandang dhewe dhewe
         Angin sumilir nambahing gumregah warga
         Kabeh dilakoni kanthi ikhlas lan sumringah
Gotong royong reresik desa
Dipungkasi wanci sedasa
Desa katon resik lan asri
Kang gawe ayeming ati
       


                                                                         Dening kelompok :
                                                                   1.Farhan ramadhan
                                                                   2.Shalsa Nur Fadella
                                                                   3.Sindi Dwi Utami
                                                                   4.Waskita Hendri Purnama